Trewelu Sasa
Sasa wis suwe banget kepengin ngingu kucing angora. Kara kancane sakelas saben dina mesti nyritakake kelucuane Cimi kucinge. Sasa dadi kepincut kepengin duwe kucing, mula saben dina mbujuki wong tuwane supaya gelem ngingu kucing angora. Wong tuwane suwala terus, ibune ora seneng kucing amarga wulune sing padha rontok ngregeti omah, tur maneh sik ngrumat rada kangelan. Kucing angora mbutuhake wektu kanggo ngrumat. Pirang dina pisan kudu ngganti pasir sik nggo bebuwang, seminggu pisan kudu ngedusi, durung maneh saben dina kudu mbuwangi kotorane kucing. Ibune uga alergi marang wulu. Saben bali sekolah Sasa njaluk kucing ibune mesthi ngandhani bab apa wae kang kudu digatekake menawa arep ngingu kucing. Sasa kudu gelem saben dina ngekei pangan, mbuwang kotorane, ngedusi lan ngresiki wulu-wulune kang padha rontok. Yen Sasa gelem nindakake pakaryan kabeh kuwi ibune kersa mundhutake kucing Angora. Sasa esuke takon karo Kara.
"Ra, kowe saben dina makani kucing ora?"
"Aku mung nek pas sela wae, sik kerep makani Mbak Minah.”
"Kowe mbuwang kotorane Cimi ora?"
"Wis tau sepisan bar kuwi aku wegah amarga mambu banget."
"Lha terus sapa sik mbuwang saben dinane?"
"Ya, Mbak Minah lah."
"Sik ngedusi barang yo Mbak Minah"
"Iya jelas ta, aku mung seneng dolanan wae karo Cimi nek sik ngrumat saben dinane Mbak Minah"
"Wulune sok rontok ya?"
"Hooh, nek rontoke nemen diasta nang dokter karo bapakku. Wingi Cimi ya mencret trus dipriksakake nang dokter.”
"Oh ngono ya.”
Sasa banjur meneng lan mikir mesthi biaya nang dokter kewan kuwi larang. Durung tuku pasir lan pakane ya larang. Trus sik marakake kabotan yaiku kudu ngrumat dhewe. Esuk Sasa mesthi kudu tangi gasik, buwang kotoran , ngekei maem lan omben. Trus bali sekolah kudu ngecek pakane. Durung maneh seminggu pisan kudu ngedusi. Apa maneh nek nganti lara kudu digawa menyang dokter. Mikir kaya ngono Sasa banjur matur karo ibune nalika bali sekolah.
'Bu, Sasa mboten sios kepengin ngingu kucing."
"Lho, lha kenengapa? Ibu mau wis pesen kancane ibu yen kepengin nyuwun kucinge siji."
"Boten sios mawon bu."
“Ana apa ta ndhuk, kok ndadak ora kepengin ngingu kucing. Mau bengi kayane isih duwe karep kepinginan ngingu, kepara mau isuk isih nesu nganti mangkat sekolah wae ora gelem salim karo ibu?"
"Sasa melas kalih ibu, mangke pandamelane ibu tansaya kathah ketambahan ngingu kucing."
"Lho, sik arep ngopeni kan Sasa dudu ibu."
"Hehe kadosipun Sasa mboten saged ngopeni piyambak, mesthi mangke ngrepoti ibu." Sumaure Sasa karo mesam mesem.
"Lha kok ngrepoti ibu ki piye Sa?'
"Enjang kula sekolah wangsul sekolah kadhang sampun sayah dereng menawi wonten PR utawi ulangan kula mangke rak konsentrasi dhateng tugas sekolah, tartamtua kula nglirwakaken kucing. Ibu mesti boten tegel kalih kucing wau, mesti mawon ingkang ngupakara mesti ibu."
"Ya wis nek kaya mangkono, ibu manut Sasa wae. Ya wis kana ndang salin banjur maem. Mengko sore Om Satrio bakal rawuh saka Bogor, ngendikane ngasta oleh -oleh kanggo kowe.”
Sasa sajak seneng banget krungu menawa Om Satrio kang kerja ana Bogor mengko sore arep kondur. Adhine ibuke kuwi nek rawuh mesti ngasta oleh-oleh kang dadi karemane Sasa kayata: sepatu, tas utawa acecoris saka Taman Safari.
Nalika Sasa tangi turu ing wayah sore ruang tengah kaya ana suara wong lagi omong-omongan. Sik siji cetha suara bapake lan sik siji suara Om Satria, Sasa gage enggal-enggal tangi.
"Om, ngasta oleh-oleh apa?" Pitakone Sasa karo lungguh nang jejere bapake.
"Hush saru teka-teka kok langsung takon oleh-oleh ora takon kabare." Wangsulane Om Satria karo mesem.
"Hehe... nyuwun pangapunten Om."
"Ora apa-apa, kae oleh-olehe ana ing mburi omah."
"Lho kok teng wingking griya ta Om?"
"Wis kana ditiliki ndhisik mau oleh-olehe lagi diopeni ibu." Ngendikane bapak karo ngelus rambut Sasa sik dawa ireng.
Sasa banjur mlayu menyang mburi omah. Nang latar mburi Sasa weruh ibune lagi ngekei wortel nang kandhang. Sasa banjur nyedhaki ibune, lan nang njero kandhang ana trewelu loro. Trewelu kuwi wulune coklat dawa-dawa kaya kucing Angora mripate ireng bening. Trewelu kuwi lucu banget lan nyenegke. Sasa bungah banget entuk oleh-oleh trewelu kang lucu. Ora sida ngingu kucing malah entuk trewelu sik lucu tur ora ribet anggone ngopeni, mung ngekei pakan kesenengane yaiku wortel.
Cerita ini sudah dimuat di Majalah Bahasa Jawa Panjebar Semangat. Saya unggah disini siapa tau ada yang ingin membacanya.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
salut
Terima kasih Bun