Yudi Karsono

Menjadi guru sejak tahun 1991, 15 tahun kemudian, tepatnya tahun 2006 diangkat sbg Kepala Sekolah. sekarang bekerja sbg Pengawas Sekolah di Koorwilcam Di...

Selengkapnya
Navigasi Web

MONTORE BAPAK

Nalika semana dadi bojo guru jan prihatin banget. Mangane beras jatah sing wis apek njipek. Gajine wis bersih. Jerene guru mulange wis bener, yakuwe “kebersihan sebagian dari iman”. Mulane gaji bae ya kudu bersih. Maksude bersih nggo ngangsur koperasi. Apa maning anak mbarep lagi kuliah neng Yogya. Biayane ora sethithik. Bayar registrasi nganggo duit utang. Jan nelangsa pisan. Saben tanggal nom bojoku njimot balpoin karo buku notes. Etang-etung, ya mbuh ngetungi duite sapa. “Jane rika agi ngetunge apa, Pak?” sewijining dina aku takon. “Lagi nyatet tanggungan,” bojoku nyauri. Bojoku menyat mangkat kebon. Arep niliki tanduran, e, mbok jere sapa ana wit besika sing wis gedhe. Arep didol go bayar kos anake lanang. Bojoku ya tau rasan arep adol kebon baen. Duit dol-dolan kebon arep nggo nutup utang. Wis ora kuat puyeng saben tanggal nom. Ning inyong ora setuju, sebab kebon kuwe waris sekang ramaku. Tur anu ora amba lan mung-mungan. Gaji guru wektu semana urung nganggo rekening. Nalika kuwe gaji guru sesekolahan sing mundhut kepala sekolahe. Angger ana gaji min, sing apes gajihe batire. Sebab gaji guru liyane nggo nutup. Kuwe wis nasibe bebrayan karo guru sing gajihe min. Saben wulan gajine ora genep, ngenteni guru sing min olih duit nggo nutup. Banget puyenge bojoku nganti nyambi ngojek. Saben sore mangkat maring pertelon kembul karo tukang ojek liyane. Kembulan karo tukang ojek jan ana baen sing ora bener. Tukang ojek liyane pada tukoni nomer buntut. Tuku nomer buntut senajan ora tau njebluk/tembus. Malah duit sing wis ana dadi ilang nggo tuku buntut. Bojoku ya mung nyawang. Guru tuku nomer buntut ora patut. Alhamdulillah, bojoku esih waras. Bojoku malah aweh pengerten karo kanca batir, menawa tuku nomer buntut kuwe dadi larangane agama lan pemerintah. Saben anak lanang nyurati njaluk bayaran kos lan semesteran inyong ora kuat nahan luh. Arep keprimen bapake bocah? Nggolet utangan ngendi maning? Arep utang koprasi, utange neng koperasi esih suwe. Utang maring sedulur ya esih wutuh. Ora mrebes mili keprimen? Anggon-anggon nalika penganten anyar: ana gelang, anting wis digadegna kabeh. Motor siji-sijine sing aben dinane nggo mangkat mulang akhire didol. Keprimen maning, dalan liyane wis buntu. Angger ora didol anake inyong ora teyeng bayar semesteran. Sing penting anake inyong ora ditokna gara-gara ora teyeng bayar kuliah. Ora patut anak guru kuliah ditokna gara-gara ora teyeng bayar SPP. Kuwe crita nalika 30 tahun sing wis keliwat. Siki bojoku wis bali maring sing gawe urip. Dina siki, malam Jumat Kliwon genep patang puluh dina. Bubar magrib anake inyong sing bontot celuk-celuk. “Bu, ana wong goleti rika,” ujare anake inyong sing bontot. “Arep ngapa, Din?” inyong takon maring Mahyudin. “Arep adol motor antik. Jere mas Anton agi nggoleti montor tahun wolung puluhan,” Mahyudin aweh penjelasan. “Ya, jajal Mas Anton diceluk baen, kon niliki motore,” aku nyauri. Anton ilang-ileng motor kuna. Ora suwe gole nyang-nyangan. Wis cocok regane mung telung juta. Motor tua banjur dibayar. Sing adol masrahna surat-surat, ana BPKB, STNK, karo kwitansi. Pajeg ora nunggak. Barange kerumat kabeh, klebu STNK karo BPKBne esih genah. Anton karo Mahyudin seneng pisan teyeng tuku montor kuna, antik bin jadul. Barange esih klimis mis. Jan kinyis-kinyis pisan. Moblong-moblong kaya prawan ngarep umah kae. Bareng ditliti BPKB karo STNK-ne, anake inyong pada pating mbleker ngorong-ngorong karo jingkrak-jingkrak. “Ana apa deneng kaya wong kesurupan?” “Bu, bu, ... jajal kiye dipirsani. STNK karo BPKB-ne nganggo jenenge bapak: Drs. Kartono ...!!” Anake inyong pada kesenengen,” Montore bapaaaaak wis baliiii, wis baliiii ...ya, Alloh. Alhamdulillah, montore wis baliii paaaaak ...!” Aku mung mrebes mili. Kuwe montore bapak jaman penganten anyar gemiyen, telung puluh tahun kepungkur.*** Purbalingga, 1 Juli 2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Duh Gusti,,,dadi eling jaman genanu ibuku durung pensiun yaak,,,inna maal usri yusra nggih,,,

15 Jul
Balas

kesuwun sedulurku kabeh, miga-muga bae nggo obat rasa kangen ora teyeng ketemu lan nemoni rika padha dongaku maring rik padha muga-muga rejekine mbanyu mili karire lancar moncer aamiin

15 Jul
Balas

Sae sanget Pak...

15 Jul
Balas

Sae pak cerkakipun

14 Jul
Balas

duit (ind.) dhuwit (jw.)

14 Jul
Balas

duit (ind.) dhuwit (jw.)

14 Jul
Balas

Tumut mrebes, mrebes bingah.....

14 Jul
Balas

Tumut mrebes, mrebes bingah.....

14 Jul
Balas

Tumut mrebes, mrebes bingah.....

14 Jul
Balas



search

New Post