Yudi Karsono

Menjadi guru sejak tahun 1991, 15 tahun kemudian, tepatnya tahun 2006 diangkat sbg Kepala Sekolah. sekarang bekerja sbg Pengawas Sekolah di Koorwilcam Di...

Selengkapnya
Navigasi Web

MRIPAT NGGO KARSIN

Karsin kalebu bocah sing rajin. Gurune seneng mirsani tingkah polahe dheweke. Kabeh kancane uga meh kabeh seneng maring Karsin. Bocahe trengginas, sregep, lan sumeh. Siki umure meh arep sepuluh tahun. Neng kelas siji umur nem tahun. Awit neng kelas telu wis keton bakat minate. Kejaba seneng melu kegiatan pramuka siaga, Karsin nduwe kesenengan nggambar apa baen. Angger nggambar hasile maen pisan. Gurune baen ora teyeng nggambar apike kaya Karsin. Gambare jan kasile persis plek kaya wujud asline.

Angger lagi ana wektu longgar, Karsin nggambar wujud raine batire. Ya, persis kaya rupa asline. Tau diprentah neng ibu gurune, njajal gambar pasuryane. E,e, hasile kok ya persis. Mripate, irunge, kupinge, lambene, alise, krudunge lan liya-liyane. Nganti gambare siki dibingke dipajang neng daleme bu guru.

“Jajal kuwe foto mantan kepala guru kang jaman gemiyen digambar, Sin!” ujare bapak kepala sekolah.

Karsin njur nggambar fotone kepala sekolahe. Orang mung siji, nanging klebu kepala sekolah sing tau tugas neng sekolahan kiye. Sing tau ngasta neng sekolahan kiye awit tahun 80-an. Mengko angger wis dadi, gambare arep dipajang neng kantor. Ora ngenteni minggon, gambare wis dadi. Cacahe ana lima gambar kepala sekolah. Kabeh sing tau ngasta neng sekolahan kiye sekang tahun 1980.

Bapak lan ibu gurune Karsin padha mongkog. Ing ngatase bocah kelas papat SD, prigel pisan angger kon nggambar. Keprigelane kayadene tokoh Coki Si Pelukis Cepat neng cergam majalah Bobo. Kaggo mbuktikna keprigelane Karsin, gurune aweh tugas liyane aring Karsini. Kon nggambar tokoh. Kayadene Haji Agus Salim, HOS Cokroaminoto, Bung Karno, lan liya-liyane. Alate nganggo pensil 3B lan pulas Staedtler Luna. Kasile persis kaya sing neng foto.

Gurune ora mandeg gole mbina Karsin. Sijining wektu kon nggambar seliyane gambar foto. Udu gambar wong. Jajal siki nggambar woh-wohan, godhong-godhongan, wit-witan, tanduran sing ana sakubengi umahe Karsin. E, ya teyeng temenan. Gambar wit-witan sekang godhong, lan wohe digambar detail lan apik. Sing nyawang gambare Karsin gumun karo ngalem, wow, hebat! Acungan jempol nggo Karsin.

Urung ana sing ngerti bakate Karsin dituruna sekang sapa? Ramane, biyunge apa sekang kakine. Ramane sing saben dinane pegaweane menek wit klapa aliase nderes ora nggubris babagan bakat. Sing penting saben esuk Karsin mangkat sekolah. Ramane Karsin wis percaya menawa neng sekolahan mesthi digulawentah supaya dadi bocah sing bener tur pinter. Diwulang babagan ngelmu maca, nulis, etung-etung, akhlak mulia, dan liyane.

Umpama Karsin nduweni bakat ya alhamdulillah. Apa maning enggane bakat kuwe bisa thithik mendinge “ditumbuhkembangkan”, mesthine ramane Karsin senenge pol. Nganggo basa siki kuwe sing jenenge guru top markotop.

Angger gurune wis top, ketambahan wong tuwane Karsin aweh dukungan utawa motivasi, dadi tambah mantep. Basa sikine kuwe sing dijenengi wong tuwa jos markodos. Senajan wong tuwane Karsini mung tukang nderes, wong ndesa, lan mung tamat SD.

Angger niliki uripe keluargane Karsin jane si ya melas pisan. Keprimen maning, ramane Karsin mung tukang nderes. Esuk lan sore mangkat ludhang. Bubar ludhang mangkat repek nggolet sentikan neng kebon. Angger wis olih suluh banjur nggo geneni badheg nganti tekan mateng. Nggodhog banyu badheg ora kaya nggodhog banyu nggo gawe kopi. Wektune suwe. Kadang nganti mbengi tembe matengan. Wayah mbengi krungu ana suara wong lagi ngebuk gula encer. Kuwe biyunge Karsin lagi ngebuk gula encer. Tandane gole indel banyu badheg wis matengan.

Bakate Karsin sing wis keton yakuwe nggambar. Sering makili sekolah mangkat lomba. Sering banget olih juara. Ramane Karsin sering diwei ngerti menawa anake sering maju lomba. Wong tuwane mongkog, apamaning angger ditambah hadiah mentah mateng.

“Pak Guru, niku hadiahe Karsin ampun piala. Enggane dhuwit mawon kepripun?” kaya kuwe pangudarasane ramane Karsin.

Kepala sekolahe Karsin kadhang-kadhang aweh bonus dhuwit nganggo dhuwit pribadi. Ora piraha nanging Karsin karo ramane wis seneng pisan. Kuwe salah sijine wujud kepeduliane kepala sekolah. Seragam sekolah, ana klambi, sepatu, topi, dasi, lan tas ditanggung sekolah. Buku-buku sekomplite saben unggah-unggahan ya nampa.

Wis setahun keliwat. Siki Karsin munggah kelas lima. Ora ana sing ngerti nek Karsin kuwe duwe penyakit sing aneh. Mripate Karsin tambah dina tambah blaruk. Mikine diarani katarak, sebab kaya ana klamadan neng wiji mripate. Bareng dipriksana dokter, penyakite udu katarak. Obat siji-sijine angger kepengin mari, mung operasi ganti mata. Lah, keprimen kiye? Jajal arep nggolet mata ngendi? Wong tuwane Karsin mikir. Guru-gurune Karsin ya melu mikir. Tapi kabeh ora butul pikire.

Wis begyane Karsin, siki wis ora bisa maca tulisan. Munggah kelas nem jan mripate wis ora berfungsi. Mung bisane ngrungokna suara gurune mulang. Angger ulangan utawa tes, gurune maca soal, Karsin aweh jawaban secara lisan. Ya, wis bubar kabeh impen-impene Karsin. Impen dadi arsitek, desainer utawa pelukis mung dadi impen. Mbuh angger ana wong sing dermawan, nukokna mata nggo Karsin. ***

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post