Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

NUWUN SEWU "MULUTE" PAK GURU WONTEN UPANE (Ngajari bocah ben pinter basa)

NUWUN SEWU "MULUTE" PAK GURU WONTEN UPANE.

Bocah siki ora teyeng basa. Kuwe tembung sing sering diucapna neng guru utawane wong tua. Siki dibalekna awak. Apa wong tua,gurune wis marahi utawa ajek ngomong basa? Neng ngumah bocah ora tau diwarahi basa krama,rata rata nganggo basa Indonesia. Neng sekolahan???? dijawab dewek.

Mawi basa krama bocah diwarahi anggah ungguh utawa sopan santun. Kepriwe carane ngormati guru,asih maring kanca. Basa krama alus kanggo matur karo wong tua lan guru, basa ngoko alus kanggo kanca batir.

Ndeleng kahanan siki merekna gawe prihatin. Anak karo wong tua, murid karo gurune omong omongan kaya maring batire, ora ngetonakan sopan santun babar blas. Pancen kudu gawe kahanan sing nyenengna ora medeni supayane bocah wani ngetokna isi pikirane ora kependem. Nanging ora kaya kuwe carane. Omong omongan basa krama ora ngedohna bates antarane wong tua karo anak utawane guru karo muride. Cara kiye kanggo mbentuk "Karakter" bocah sing sekiye jere kaya ilang ora kaya gemiyen.

Kedadian bocah ora basa karo guru,tur dianggep saru wis kaya barang bisa. Terus apa usahane guru? Inyong cocok ana wektu sedina neng njerone seminggu yakuwe dina kemis kanggo ngomong basa jawa neng pegawean lan sekolahan. Kayane sing kaya kuwe wis ora keprungu maning. magane nganggo keputusan gubernur mbireng.

Conto kedadian neng sekolahan,bocah kelas siji mlebu kantor wadul karo gurune "Bu Guru Ripin ngomong saru". Gurune mbalik ndangu maring muride sing wadul "Matur saru nopo?" Jere bu guru kon aja medang bae, istirahate wis rampung". Wangsulane bocah mau, lugu lan ora ngerti saru. Kendel nanging ngabangna kuping.Isin karo batir guru liyane. Pancen ora maido mulang kelas siji ngonggor tur kencot bate ngorong ngorong pada nganggo karepe dewek. Ora teyeng mengeng blas. jam ngasoa kadang telat metune. Dadi critane bu guru kuwe lagi nyelakna medang.

Wektu kuwe ana pak guru sing neng kantor merga jam kosong. supayane bu guru ora kebanjur isin terus crita mbuh digawe apa temenan kedadiani. Pancen bocah siki kendel kendel. Inyong uga tau,merga esuk gasik inyong kudu aweh "sarapan pagi" nggo kelas 3 dadi mngkat urung sarap merga pancen bojoku masake urung mateng. Mengko angger bocah lagi nggarap aku nyelakna sarap kadaran umahe cedek neng umah dinas sekolahan ikih.

Pak Guru nerusna critane. Bar sarap pak guru mlebu kelas. Bocah pada krasak krisik jegigisan. Pak Guru bingung, banjur takon " Pada ana apa,deneng jegigisan?" Bocah bocah mangsuli meh bareng. " Krama inggile mulut nopk pak guru?". Pak guru kesuh "Pelajaranan matematika koh takone basa jawa". Karo nglucu pak guru mangsulo "cocot". Terus ana bocah siji sing ngacung karo matur "Nuwun sewu cocote pak guru wonten upane". Walaaahh....senjata makan tuan. Ora maning maning mbusukna bocah. Malah mbaluk. Haaa...haa...

Crita pak guru mau mesti bae anu mung nggo ngeneng ngenengi guru sing di tegur klas siji mau mbok isin kebanjur.

Mayuh bapak ibu digiatna maning dina kemis nganggo basa jawa bocaeh dijek ngomong basa krama senajan bocaeh nyauri basa Indonesia utawa ngoko. Suwe-suwe toli dadi bisa lan biasa.

SELAMAT BERAKHIR PEKAN.

Versi "Guru Ngapak".

Sagu sabu kelas Purbalingga.

10 Februari 2018.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post