Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

ONE DAY SCHOOL IS-LAND

ONE DAY SCHOOL IS-LAND

Maca judule wis katon menthereng. Uteke langsung kepikiran maring luar negeri. Mesti sing nyambut gawe utawa ngurusi kuwe wonge ora baen baen basa gaule kereeennz abiizz..

Aku wingi kondangan maring nggone kanca guru, weruh ana mobil diparkir deret deret karo mobil mobil liyane. Sing gawe inyong ketarik terus mandeg maca. Ana salah sijining mobil sing kaca mburine ditulisi "ONE DAY SCHOOL IS-LAND". Wuah...kiye mesti mobil antar jemput sekolahan kelas internasional, merga jenenge bae nganggo basa Inggris. Inyong terus mikir panggonan sekolahan kuwe neng endi. Rumangakku ora tau menangi. Inyobg dadi kepengin ngerti sapa sing nggawa mobil kuwe. Ndean wong bule lagi kondangan.

Mlebu neng kondangan aku thingak-thingak nggoleti wong bule sing nggawa mobil mau. Paling ora wonge nganggo dasi. Nanging nyawang saben pojok ora ana. Anane wong rambute putih uwanen udu abang pirang kaya wong landa, lan sing akeh nganggo bathik.

Inyong esih kepikiran. Banjur angger sekolahan kelase Internasional koh mobile ora lewih bagus dibanding deretan mobil liyane,mobile katon antik, merek terkenal jaman gemiyen?

Inyong molaih penasaran. Bali kondangan mobile tek pereki tek waca sing cetha. Jebule neng ngisore ana tulisan maning "WANDE SEKUL ISTANA LANDA". Oalaaahhh...Jebule Tulisane Inggris nanging teges sing sebenere pas karo macane. yakuwe "ONE DAY" diwaca "wande" neng basa jawa tegese "warung". "SCHOOL" diwaca "sekul" tegese "sega".IS-LAND diwaca "Istana Landa", kuwe kuburan wong landa jaman gemiyen. Angger wong Purbalingga ngarani "stana landa". Pinter temen sing gawe jeneng. Pancen kudu ana "sensasi" supaya wong pada ketarik mampir warunge.

Sedulur neng Purbalingga ndean ana sing urung ngerti panggonane "ONE DAY SCHOOL ISLAND?" Tek tidokna. Panggonane neng Jalan S.Parman ngarep Kuburan Landa. Pas e sebelah kiwe Kantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan. Mangga sami Pinarak.🙏🙏

Ana-ana bae...😄😄😄😄

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Njajal lhah. Sapa ngerti dadi pinter ngomong landa.

05 May
Balas

Trrus terang aq ora penasaran, wong srbelah kantorku tok

05 May
Balas

Iya maca judule penasaran ... niku dhaharane khas landane wonten .... kayane panganane enak2 niku ....

05 May
Balas



search

New Post