Yuliati Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web
'Kemenyek'-nya Ibu Istiqomah

'Kemenyek'-nya Ibu Istiqomah

Mohon maaf sebelumnya, saya tergelitik untuk meng-edit tulisan Ibu Istiqomah yang berjudul "Kemenyek". Saya menemukan banyak kesalahan tulis pada tulisan Ibu Istiqomah. Bahasa Jawa itu unik. tata tulis atau aturan penulisannya memiliki perbedaan jika dibandingkan dengan Bahasa Indonesia. Namun di dalam hati kecil saya, sepertinya Ibu Istiqomah, editor senior MediaGuru ini, sengaja membuat tulisan tersebut banyak salahnya. ini adalah jebakan batman. Baiklah akan saya tulis di bawah ini hasil editan saya. Mohon maaf kepada Ibu Istiqomah jika kurang berkenan. Saya juga masih belajar, jadi mungkin hasil editing saya juga belum sempurna. Saya sertakan naskah asli, kemudian di bawahnya adalah hasil editing. 

Artikel asli:

Kemenyek

19:53 @Kolom

Tahu krungu tembung kemenyek? Mesthine yo wes biasa tho. Opo maneh lek sampean pas mangkel karo wong wedhok seng ra ayu, neng kakehan gaya.

Yo ngono iku sejatine aku. Jian aku ki kemenyek ra mekakat. Andakno wong ndesa kesa-kesa ae lek kudanan kok jian ngalah-ngalahi wong ayu.

Piye jal? Lek kegrimisan thithik ngono ki sirahku yo njur cenut-cenut. Malah seng kerep dadi pilek. Meler bening campur wahing-wahing. Jian kemayu! Wong biyen cilikane malah udan-udanan pirang-pirang jam. Ora ngiyup lek durung katisen. Mungkin faktor U Iki. Kudanan sithik ae kok jian eram!

Lha lek kudanan deres? Iki malah blaen. Mbahe kemenyek. Ra tanggung-tanggung. Awak tua Iki abene kudanan deres yo terus biduren. Bidure ra trimo bendol-bendol gatel. Ning seng dhebleg-ndeblek kandel. Ra ngono thok, kadang weteng ki kok yo dadi senep. Kiraku merga sangking gathele.

Lha wingi, pas ngisi Kelas Editor neng LPMP Surabaya, aku macak sakti. Piye jal, wes ngerti udan grimis yo nekad metu. Ra nganggo payung. Pikirku ora opo-opo. Tibane, bengine urung dadi krasa pengar, gorokan gatel.

Sak Iki piye? Alhamdulillah, bersin-bersin. Eh wahing-wahing.. umbelku bening. Iki Jian ngelu! Wkwkwk ojok jembek yo, lha piye, arep ora tak tulis umbel, lha Iki critane basa Jawa-e.

Wes yo ngono thok.Aku wes mari ngombe obat. Nguantuk pol Iki. Tak turu dhisik.

 

 

 

HASIL EDITING:

 

Kemenyek

Tau krungu tembung kemenyek? Mesthine ya wis biasa ta. Apa maneh yen sampeyan pas mangkel karo wong wadon sing ora ayu, nanging kakehan gaya.

Ya ngono iku sejatine aku. Jian aku ki kemenyek ra mekakat. Andakna wong ndesa esa-esa ae yen kudanan kok jian ngalah-ngalahi wong ayu.

Piye jajal? Yen kegrimisan thithik ngono ki sirahku ya njur cenut-cenut. Sing kerep malah dadi pilek. Irung meler bening campur wahing-wahing. Jian kemayu! Wong biyen cilikane malah udan-udanan pirang-pirang jam. Ora ngiyup yen durung katisen. Mungkin faktor U iki. Kudanan sethithik wae kok jian eram!

Lha yen kudanan njur udane deres? Iki malah blaen. Mbahe kemenyek. Ra tanggung-tanggung. Awak tua iki abene kudanan deres ya terus biduren. Bidure ora trimo bentol-bentol gatel. Nanging malah dhebleg-ndeblek kandel. Ora ngono thok, kadhang weteng iki kok ya dadi senep. Kiraku merga sangking gatele.

Lha wingi, pas ngisi Kelas Editor neng LPMP Surabaya, aku macak sakti. Piye jajal, wis ngerti udan grimis ya nekad metu. Ora nganggo payung. Pikirku ora apa-apa. Tibake, bengine irung dadi krasa pengar, gorokan gatel.

Saiki piye? Alhamdulillah, bersin-bersin. Eh wahing-wahing. Umbelku bening. Iki jian ngelu! Wkwkwk aja jembek ya, lha piye, arep ora tak tulis umbel, lha Iki critane basa Jawa-e. Wis ya ngono thok. Aku wis mari ngombe obat. Nguantuk pol iki. Tak turu dhisik.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

HahaNgene critane. Basa Jawaku Ki ora standar. Mbuh Jawa cara Blitar plus Malang wes campur-campur ora karuan. Iki seng penting uri-uri basa Jawa. Tenan. Ora merga jebakan Batman. Tapi ancen ora nganggo basa Jawa standar. Neng Blitar seng enek (duduk onok) ndesa kesa-kesa, duduk desa esa-esa. duduk dudu dudukneng duduk ndek Dadi Yo wes ben

09 Mar
Balas

Hahaha..

09 Mar

Aiihh, Ibu Isti..Leres, nguri-uri Basa Jawi. Hananging, menawi nyerat ngagem Bahasa Jawa inggih kedah ngagem tata bahasa Bahasa Jawa. Hehehe, nyuwun.pangapunten, dalem ngeyel menika. Nyuwun duka, lan nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun...

09 Mar

Wis tangi kabeh po durung? Kuwi lo deloken fotoku cedak Bunda Isti..mantaap to? wkwkwk

09 Mar
Balas

Hihihi, inggih Bu.. dadi artis kita.

09 Mar

Maturnuwun Ibu Ririn, menika ugi nembe sinau kok..

09 Mar
Balas

Tembung basa jawane panjenengan pancen sae tur luwes

08 Mar
Balas



search

New Post