Yuliati Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web

SEPIRING BERDUA

Sepiring Berdua.

(Tantangan Hari ke-4)

#tantangangurusiana

Ngantuk kang ndak tahan wiwit nalika nunggu bus mau pengin tak sok ing sadawane dalan Madiun-Solo. Perjalanan Madiun Solo kurang luwih rong jam setengah tak kira luwih ndene cukup kanggo turu, ngeremke mripat, ngleremake pikir lan nata ati ben rada semeleh.

Ketepakan entuk lungguhan cedhak cendela. Ah, bisa nyaman tenan. Tak papakke awakku, tas ransel tak pangku, saku-saku tak adepke ning dhadha, lerekan rapet. Njaga diri ngati-ati iku luwih penting. Ee.. sapa ngerti yen aku turu angler njur ana wong sing pingin tumindak ora bener, la malah cilaka mengko.

Bismillah, bus kang ndak tumpaki wiwit nggremet alon ninggalake halte. Aku lungguh mepet cendela sisih kiwa. Kursi sisih tengenku kosong. Ayem. Sakwusi tarikan karcis, aku nyoba ngeremake mata.

Keprungu sruwing-sruwing, suarane wong nyanyi ing antarane ngantukku. Cat krungu cat ora. Sakwise aku sadar melek tenan, jebule ana pengamen ing bus. Sawijining ibu-ibu, nggendong anake isih cilik. Diiringi kecer ing tangane, lagune Ida Laila Sepiring Berdua.

Ngeres ing ati krungu lagu iku.

Pungkasane aku ora sido nutugake turuku. Lagu sepiring berdua wis klakon nggarit ati. Menghipnotis para penumpang ing bus Surabaya Solo Jogja.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Siip gaes, aq suka tulisanmu @yuliati

21 Jan
Balas

halo, makasih.. kapan dikau menulis?

21 Jan



search

New Post