Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
KELON
wowmuslim.blogspot.co.id

KELON

Ngeloni bocah kuwe gampang-gampang angel. Gampang menawa bocah ora ndadak kakehan polah sedela baen turu lali. Angel menawane wis kentongan polah. Cerita nganti lambene ndower bocah esih meleng-meleng baen. Apa maning menawane arep disambi nglembur malem Jemuah. Bocah ora turu-turu jiiiaaand… gawe mangkel. Kelod-kelod thok manik munggah medun. Ambekane wira-wiri ngempos …

Jebulane nyong maca neng majalah ana cara maen ngeloni bocah supayane cepet turu lali. Kiye tah gawe penasaran. Ora mung tek waca tok mbokan kelalen. Tek tulis sing penting-penting. Karo njajal tek praktekna. Sapa ngerti malem Jemuah ngesuk nyong bisa labuh gasik. Hehe… ngarep. Tek tulis dadi artikel. Tek kirimna maring WA-ne Pamela, bojone nyong sing moblong-moblong. Ceritane nganggo basa ngapak. Sapa ngerti dadi bahan cerita buku sing dikarepna kanca-kanca Komunitas Guru Ngapak sing arep gawe Antologi Ngupakara Bocah. Kaya kiye isine luuur…

Akeh-akehe biyung ora paham karo wateke bocah menawa arep turu. Apa maning bocah bayi. Biasane ora sadar menawa arep turu ndadak nganggo ngenong-ngenong, nganti jemper bocah ora turu-turu. Mulane sing dadi biyung kudu kreatif. Ora kakehen tenaga sing metu nanging bocah nyaman lan angler turune. Jebule ana carane kaya kiye.

1. Klambi lan panggonan turu sing nyaman

Klambi kanggo turu dibedakna karo klambe kanggo pedinan. Nyong wis ora arepan nguyahi maning maring rika pada. Mestine wis banget ngertine klambi turu kuwe kaya ngapa. Neng toko wis akeh disediakna, mung kari milih manut selerane rika.

Panggonan kanggo turu digawe sing nyaman tumprap bocah. Sekiwe tengene kudu ana aling-alinge mbok bocah tiba, mergane turune wegig tor goreh. Menawane bocah esih ngompol disiapi sarapan sing ora maraih bocah dadi rewel mergane ora nyaman. Aja nganggo suwekan sarunge ramane. Utawane tugelan jarite rika sing wis kumel. Melas awake bocah. Sarung utawane jarit kuwe salah sijine jenis bujur sing ora nyerap banyu, tur maraih sumuk neng awak. Sarapan turu kanggo bocah toli sekiye neng toko wis disediani. Bed cover bayi arane. Bojone nyong sih anu gawe dewek. Mbok menawa rika arep pesen iya kena. Rega lan kualitase ora adoh karo neng toko. Tek tanggung pokoken. Arep pesen bed cover dewasa bisa koh. Manut ukuran kasure rika. Ana garansine maning. Telung wulan rowal-rawil jahitane, balekna tek ganti sing anyar. Sing penting bujure ora suwek dikepahi rika merga saking rosane. Wekekk…

2. Ngatur jadwal turu

Bocah cilik kuwe sering turune ora teratur. Apa maning menawa esih bayi. Ngawan sedina-dina turu. Butule wengi wong tuwa wis kesel butuh ngaso malah bocah lek-lekan. Mbuh kepriwe reka dayane rika, sebisa-bisa kudu nglatih bocah turu nganggo jadwal sing ajeg. Senajan ana gesehe, nanging menawa wis dilatih saben dina mengko dadi kebiasaan sing teratur. Menawa urung mangsane turu dolani disit. Adohna sekang panggonan turu.

3. Lampu kamar sing nyaman

Ngatur padange lampu perkara sing gede pengaruhe maring bocah. Utamane wektu-wektu arep molaih mapan turu. Lampu sing kepadangen gawe bocah angel turune. Semana uga sing kepetengen. Apa maning dipateni gawe kamar dadi kaya serem. Bocah krasa dewekan lan wedi. Lampu sing dipasang neng kamar aja sing maraih sumuk. Lampu kanggo turu aja dipasang neng nduwur utawane ngarepan panggonan turu, mergane mripat langsung silau. Apike neng mburi utawane kiwa tengene panggonan turu. Lampu sing remeng-remeng kuwe mampangate kanggo utek nyiapi hormon melatonin. Hormon sing diperlukna menungsa kanggo turu sing angler.

4. Dongengi lan elus-elus

Ndongengi bocah menawa arep turu kuwe cara sing manjur. Seliyane bocah krasa nyaman, krungu alur cerita lan suara sing nyemek-nyemek sekang biyunge uga bisa mapana bocah maring kondisi trance utawane wening. Ngelus-elus kuwe gawe bocah sengsaya santai. Dongeng kudu sing pas karo umur lan pikire bocah. Milih sing sipate gawe bocah anteng lan ora mancing pitakonan.

5. Bongna bocah aja ngenteni angler

Pancen angel nengeri bocah wis lali apa urung turune. Nanging tumprap biyung sing wis saben dina ngrumati mestine ngematna. Menawa tangan lan sikile wis molaih lemes, mripate merem tur meneng tandane wis molaih arep lali. Sekang ambekan uga bisa digatekna koh. Biasane ambekane alon. Age-age rika maring kamar, papana neng kasur. Nanging sedurunge papan nggo turu kudu wis disiapna disit.

6. Aja wira-wiri dijinggleng

Menawane wis angler turune, aja wira-wiri dijinggleng. Utawane dong nglilir, ngrengek ia aja gegen dijinggleng. Jor bocah kon nggolet rasa nyamane. Rika sing dadi biyung kudu bisa madan santai, aja panikan. Aja keseringen ndelengna mripate bocah dong arep turu utawane pas turu. Ana kekuatan sing gawe bocah terangsang koh menawa bocah arep utawane lagi turu dideleng mripate. Bocah dadi kepengin melek, dadi tangi mbok.

7. Aja wira-wiri diganti popoke

Ngganti popok ateges ngobahna awake bocah. Menawa wira-wiri popoke diganti, pada baen karo nggugah bocah. Mesti rika neng ati mbantah karo panemune nyong. Lah mengko angger teles bocah ya ora nyaman. Mesti nangis mergane ompole nyenggol awak. Mengko disit, aja asal protes rika. Mulane nyong mau cerita bad cover bayi sih. Kuwe bahan sing nyerap ompol, ora perlu wira-wiri ganti popok. Dijamin aman lan nyaman, ora maraih iritasi neng kulite bayi.

8. Nglatih nggugah bocah

Tangi sing teratur kuwe kudu dilatih mbarang cilik. Umpamane wis mangsane tangi rika aja sungkan-sungkan nggugah bocah. Menawa wis dibiasakna mbarang cilik, bocah kuwe dadi kulina. Seliyane gawe disiplin maring bocah uga dadi kulina nggunakna wektune kanti pas. Kapan kudu turu, kapan kudu tangi, lan kapan wektune dolanan utawane aktivitas fisik. Aja dibiasakna bocah lekar-lekor neng kasur. Menawane wis tangi, wis bombong, age-age menyat lan pindah panggonan. Hahaaak… rika mesti arep njawal. Waaaah, teori… Iya pancen kiye teori, kari nunggu prakteke rika. Kasile nyong dilapori. Mesti bakale maen mbok.

Wong tuwa ora kurang reka. Apa maning rika pada sing wis kagungan putra lewih sekang siji. Wis apal tur ngapal ngrumat bocah. Tulisan kiye ora mung kanggo ibu-ibu tok. Wong lanang uga perlu ngerti supayane aja mung nuntut, lan kudu tanggap karo kahanan. Welinge nyong aja sepisan-pisan nyambut gawe karo nyambi. Kasile ambyur, blas ora gawe bombong. Melas wong wadon, melas bocah lan melas rika pada dadi ora fokus. Apa kaya kuwe? Iya embuuuuh…

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Popoke saiki wes ganti sing langsung diguwak ya

20 Jan
Balas

Hehe... nginggil ora wira-wiri njinggleng

20 Jan

Uwis tek waca Pak Yuli, Maen pisan. aku tah biasa kaya kuwe wiwit anak sing mbarep nganti tekan anak nomer telu.

20 Jan
Balas

Alkhamdulillah, senenge mesti dadi bocah pada maen

20 Jan

Lha inyong wis ora duwe anak cilik terus kon ngeloni sapa kiye, Pak Yuli?

20 Jan
Balas

Iya njajal-njajal mbok jere sp esih bisa duwe adi

20 Jan

Pak yuli nek metu mesti nggawa ilmu. Matur nuwun. Dadi ngerti carane nurokna bocah sing apik. Nek kabeh wis dilakoni bocaeh ora turu-turu, biasane wong tuwane sing keturon.

20 Jan
Balas

Pada" pak pras. Ilmu sing ora dadi uyah sih janen. Anu wis kesampar kesandung.

20 Jan

Aja kelon bae Kang, wis awan .... Eh... Gambare apik yaa .... Mba Pamela ayu pisan !

20 Jan
Balas

Asem jere, ora uman wektu koh inyong... Hahaha...

20 Jan

Marakna dadi pengin bali praktek he

20 Jan
Balas

Hehe.. pantesan ngeciput

20 Jan



search

New Post