Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
MANTEL ABANG GAWE WIRANG
lazada.co.id

MANTEL ABANG GAWE WIRANG

Esuk kiye langite klawu, teduh mingar-mingur. Mestine cuaca ora pati bersahabat maring awak. Nyong mangslup metu thok wis ana ping telu. Arep mangkat kerja manggang-manggong. Mantel abang wis padha suwek nggon bokong. Tek jinggleng, ileng-ileng. Apa pancene bokonge inyong sing lancip ya deneng saben duwe mantel suwek, madhul-madhul ya tetep neng panggonan ngkono kuwe.

“Dasare wis meh setahun karepe kon anyar baen, mikir…”

Pamela, ujug-ujug nyemlpong, ngageti nyong sing mburi. Suarane pancene kaya bonang, kemlonang. Kayane kawit mau nggatekna nyong lagi nambal mantel.

“Pancen utek uthir, ndremis. Apa-apa digawe ekonomis. Ora isin rika neng dalan dijinggleng wong ayu?”

Aseeem kecut… Bojoku, Pamela duwe mripat linuwih. Pandhelenge bisa nembus bathok sirah. Nganti tekan isine utek dingerteni. Pamela esih baen ngrecoki. Nyong dadi kesasar nggunting lakban. Mantele tambah suwek kenang gunting. Lakban ireng seglondong meh entong nggo nambal bokong mantel. Ngonoh bayangna kaya ngapa tambalane. Ora urus sing penting banyu ora mrbolol mbokong.

Nyong mung meneng campur mesam-mesem. Ngomong sih gampang. Mengap lambe ngisor nduwur. Nyong anu mbarang cilik wis biasa prihatin koh beda banget karo uripe Pamela sii. Pokoken prinsip, ora bisa diuthak-athik. Ujare nyong wong ngirit mbok bener? Apa sih salahe, neng endi salahe? Perkara arep dilirik wong ayu ora tek gubris. Syukur bage ana wong melas, trenyuh atine ndeleng mantel tambalan. Gelem nukokna sing anyar. Mesti ora bakalan tek tolak. Mrene… Age-age… (hahaaaak, karepe…)

Udan tambah gedhe. Marakna luntur kiye semangat pengabdiane nyong. Udan-udan kaya kiye numpak motor munggah nggunung. Dalane lunyu, tambah maning mesthi pedhute kandel, metengi dalan. Yaaa… kaya kuwe kahanan meh saben dina sing tek lakoni neng Karangjambu. Meruhi udan, angin, pedhut limengan wis dadi jambalan, ora kaget maning. Wis 13 tahun nyong neng Karangjambu. Lumayan apal wateke saben turunan, tanjakan, lan tikungan. Gawe deg-deg pyar angger ujug-ujug pethukan truk muat glondong kayu pinus.

“Apa esih neng nggunung baen ya?”

Sering pitakonan kaya kuwe. Sekang kanca-kanca sing wis padha dadi pejabat neng kota. Nyong mung nyengir, karo manthuk-manthuk. Yak kon wangsulan kepriwe maning wong nyatane esih ajeg. Pengarepku paling mung mbatin. Ora kewetu mergane mbok ora elok.

“Iya ngeneh gageyan aku dimutasi neng kota.”

Sumpah, kuwe mung neng batin thok. Ujarku kanca sing wis padha dadi pejabat mbok yaha padha melas sih ngganen, ana ngertine. Kalebu ibu pengawas, mbokan perek karo kepala dinas. Jajalen sih kie nyong diprospek. Oraha ndadak njaluk mangsudku. Mesti tek dongakna slamet dunya akherate. Angger kon ngirim liyane tah nyong ora teyeng. Mengko sih dadi prinsip uthire ilang. (Hahaaak… dasar.!!.)

“Astaghfirullah hal’adziim… Innalilahi wa inna ilaihi roji’un…”

Nyong kaget meruhi motor matic abang nyungseb neng turunan. Dalan sepi banget. Sawetara 30 meter neng ngarep. Age-age nyong merek nulungi. Bocah wadon nganggo seragam SMA lagi mringis nyekeli dengkule. Tek tuntun minggir ngiub omah wong. Sepi banget, kayane sing duwe omah lagi mbringkus katisen ndean. Motore mlebu kalenan, untunge ora papa, mung njlebod belet. Lirih-lirih tek lap nganggo suket.

“Kepriwe mbak? Apa baen sing dirasa?” Pitakonku.

“Boten napa-napa pak, niki namung lecet.” Wangsulane bocah wadon kuwe.

Udane deres banget. Nyong njukut betadine, kapas lan perban neng bagasi motor. Ora mergane kebeneran. Anu wis biasa tek gawa maring ngendi-ngendi. Iya nggo nalangi menawa ana kedadian kaya kiye. Nyong wis biasa koh nggawani barang kaya kuwe. Tekade enteng ikih. Ora merga kepengin dialem, sokane diarani pahlawan. Sumpah, kuwe udu watek sing nempel neng utek. Sanajan nyong uthir tetep esih duwe rasa derma koh.

Mantele bocah wadon kuwe rowal-rawil ora karuan. Mergane mau tibane keplarak, kecanthel step motor lan nggesek aspal. Nyong ora tega. Mantele nyong tek copot. Melas bocah sekolah mbokan bukune padha teles. Isin sih janen. Anu mantel tambalan. Nanging esih bisa nutupi awak, sing penting ora teles. Bocah wadon kuwe ragu-ragu arep ora gelem. Nanging terus tek peksa, akhire gelem. Ora merga apa-apa lho, mung melas mbok sengsaya teles bukune mubah.

“Kepriwe mbak, arep terus mangkat sekolah apa mbalik baen?”

“Teras sekolah mawon pak, boten napa-napa ikih. Lecete pun diplester pun boten kraos.”

“Iya syukur, ngati-ati ya mbak, slamet-slamet.”

“Gih matur nuwun sanget pak. Bapake sih sinten, ngastane teng pundi?”

Nyong semaur karo ndlodog katisen. Bocah wadhon mau alon-alon ninggal nyong dewekan neng pipir omah sing sepi kiye. Nyong wirang janen, dong mantele dienggo bocah wadon kuwe nggon bokong suwek maning. Anu wis ora layak pancene. Nggo tamba wirang nyong thongkrong neng batur, karo nunggu terang. Mbatinku ndonga muga-muga age-age diparingi terang. Teyeng laju mangkat sekolah ora telat lan ketelesen.

Jam 07.14 tekan sekolahan. Tegese ora telat. fingerprint (mesin absen sidik jari) esih moni “thank you.” Nyong mesem. Sebabe mesin kuwe sing nyuara wong wadon nganggo bahasa Inggris. Nyong mbayangana suara wong Landa kulite bule, irunge mincis, lambene menter-menter. Nyong ngesog tas neng lemari jejer meja kerja, njut mangslup kelas nemoni bocah-bocah.

Kelas sing maune berisik, reang, rep dadi sepi. Kaya orong-orong kepidhek. Wis meh rong minggu nyong nganggo cara anyar saben molaih pelajaran. Nyong tau maca tulisan neng guru siana nganggo istilah “afirmasi.” Mbuh apa kuwe tegese. Dasare wateke nyong latah, gampangan niru perkara anyar, ia tek jajal nganggo carane nyong dewek. Sebubare ndonga bocah-bocah teksih anteng. Malahan tek prentah merem mripate. Nyong ngomong ngajek bocah-bocah kon krasa nyaman, njut nglebokna program maring otak bawah sadar. Programe kon gawe semangate bocah supaya gampang nampa lan ngecakaken ngelmu. Nurut maring guru. Aja mbagag angger lagi diomongi. Ilmu kuwe mangslupe maring jiwa lan raga sing ikhlas. Ikhlas gurune, ikhlas muride. Kuwe sing kudu dingerteni kabeh. Nyatane kasil koh. Buktine kelase nyong dadi sumringah, semangat belajare bocah munggah. Gampang diwuruk. Lhaaa.. kae mau nyatane, lagi rame nyong mlebu kelas langsung anteng. Tegese siap banget molaih pelajaran mbok?

Jam 11.20. Latar sekolahan kebek bocah lagi padha dolanan ngisi wektu ngaso. Nyong nyruput teh manis anget. Aaaah… rasane mak nyooos. Seger, angete nyebar tekan maring kabeh kulite nyong. (Pengine nulis : sampai setiap centi meter kulitku, tapi basa ngapake angel koh). Ujug-ujug ana tamu thothok-thothok lawang karo uluk salam. Nyong nylinguk maring lawang. Laaaah kok polisi..?!

“Maaf bapak, bisa bertemu dengan Pak Anton?”

“Iya bisa, saya sendiri. Mari Silahkan duduk.”

Nyong nyalami Pak Polisi, njut njagong bareng neng kursi tamu. Trataban atine nyong, awake kaya diorag-orag Sumpah, ana apa kiye polisi nggoleti nyong.

“Saya Hermawan pak, ayah Denisa yang bapak tolong tadi pagi.”

“Mangsude… Pripun?”

“Saya dapat telfon anak saya di sekolah. Denisa cerita tadi pagi jatuh di jalan, Pak Anton yang menolong.”

“Ooooow, gih pak, ingkang putri gih?”

“Betul Bapak. Saya mengucapkan terima kasih banyak. Bapak sudah menolong anak saya. Denisa bilang tadi dipinjami mantel Bapak, sekarang saya kembalikan mantel ini ke Bapak. Mohon diterima.”

Wuuuuusssh… Mblegejed awake kaku. Wirang maning kiye nyong gara-gara mantel suwek. Kaget banget sumpah. Polisi mau ngulungna bungkusan mantel anyar. Tembunge mbelekna mantel sing tek silihna bocah SMA mau. Nyong esih ora percaya karo kahanan. Nanging nyatane kedadiyane iya kaya sing lagi tek rasakna kiye. Polisi mau njut ngulungna bungkusan mantel anyar. Terus nyalami nyuwun pamit.

Alkamdulillah, Gusti… Janen nyong ya isin pisan, wirang temenan. Mantel tambalan, bokonge rowal-rawil, tek weken esih dikersakaken putrane pak polisi. Hehe… Yaaa kiye nasibe wong ntrima. Rejeki ora bakal lunga adoh tur ora bakal kesasar. Dongane nyong mau esuk kepireng dening Gusti. Diparingi mantel anyar. Muga-muga donga nyuwun mutasi uga kesembadan. Bu pengawas midanget, njut ditindak lanjuti. Hehe…

=(mbelo sondo, edisi nguri-uri bahasa ngapak)=

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Alhamdulillah allah balas kebaikan yang bapak berikan seketika itu juga. Tulisannya sungguh menginspirasi. Salam kenal njih

03 Dec
Balas

Alkhamdulillah, terima kasih ibu. Salam kembali ibu. Smg senantiasa dlm kebaikan.

07 Dec

Lah jen. Kang yuli, esuk esuk maca tulisan kie gawe wetenge lara.. Haaa

02 Dec
Balas

Ya ngapura, mau kudune nyong pesen nggawa lenga telon nggo mblonyoh weteng ndisit ia, hehe..

02 Dec

Tulisane kiye ora mung sehat karo bergisi, tapi wis mlebu membahagiakan. Mantep banget.

02 Dec
Balas

Alkhamdulillah, angger pak pras wis melu ngarasaken bahagiane nyong neng nggunung. Hehe..

02 Dec

Hua ha ha ha hua ha ha ha Hua ha ha ha hua ha ha ha Jere wong nrima?

02 Dec
Balas

Mung diguyu pahan iya nyong ntrima baen laaah..

02 Dec

Lucu Pak...he he he..

02 Dec
Balas

Yaa matur nuwun, anu wirang dadi lucu..

02 Dec

Subahanallah...luar biasa, Bpk sudah aplikasi, keajaiban selalu datang pd org2 yg ikhlas...lucu dan berbobot. Saya sukaaaa...itu klo bahasa ngapak jika otak namanya uthek?

02 Dec
Balas

Alkhamdulillah.. Matur suwun ibu. Otak = utek

02 Dec

Kuwe tah berarti MANTEL ABANG NGGAWA REJEKI....

02 Dec
Balas

Aamiin, muga" teka maning rejekine nyong..

02 Dec

ujarku wis bwtah banget pak jebule pengin mutasi, ya moga moga dadi kawigatene ibu pengawas, gagean de mutasi ra ndadakan memohon he he he

02 Dec
Balas

Aamiin, dongane dulur wadhon..

02 Dec

Ceritane apik pisan, inyong seneng gole maca, malah sempat mrebes mili, kemuatan awake inyong... Dadi wong pancen kudu tulung tinulung nggik pak... Saluuttt...

03 Dec
Balas

Matur suwun ibu

03 Dec



search

New Post