Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
PEPELING
tahupedia.com

PEPELING

Saben-saben wong tuwa mesti duwe kekarepan anak-anake bisa dadi bocah sing apik bebudene. Nyenengna wong tuwa, karaktere apik. Akeh-akehe wong tuwa nglakoni apa bae kanggo nyenengaken anak. Nyembadani kekarepane. Nanging sing kaya kuwe urung mesti tiba kebeneran. Akeh bocah sing digedekena neng keluarga sing kecukupan, ora tahu ngrasakna kekurangan nanging malah dadine bocah aleman ora mandiri.

Dadi wong tuwa kuwe nyatane ora gampang. Ngrumat bocah neng sejerone masa perkembangan kudu ngati-ati banget. Apa baen sing dilakoni bocah neng masa pertumbuhan bakale dadi pengaruh mbesuk tembene neng jiwane bocah. Rumatane wong tuwa kraket dadi karakter tumprap bocah. Mulane sanajan rika pada tresna banget maring bocah, nanging inyong pesen ya, aja apa-apa sing dijaluk bocah sem slonong dituruti. Ora bener kuwe. Jajalen si gatekna! Bocah-bocah sing jalukane pada keturutan kabeh, akeh-akehe dadi bocah aleman. Apa-apa prentah utawa tergantung wong liya. Ora mandiri, kesed sebab neng uteke wis nyakot, “wong tuwane nyong eman ikih, apa-apa sing tek kepengini mesti bakal kesembadan.” Laaah kuwe, mbahayani banget mbok.

Jorna bocah kon latihan tanggung jawab. Dilatih ngobahna awak lan mikir kreatif. Angger rika pada lagi ngemek pegawean kon ngrewangi ora ketang sedela. Aja ndeleng kasile. Sanajan ora sreg neng atine rika, iya ora papa. Etung-etung nggo latihan ikih.

Jajalen dulur, rika pada esih sok kewatir maring bocah ora? Kena koh kewatir maring bocah, nanging aja kebanget-banget. Bocah sing lagi kepengin ngerti utawa njajal-njajal perkara anyar sing maraih penasaran aja langsung dilarang iya. Wis pernah rika kaya kuwe? Hayuuuh ngrasa mesti kuwe. Umpamane bocah dolanan rek jos, utawane mbakar lilin mesti langsung mrbegegelen, kepre-keprean. “Aja dolanan geni, bahaya..! Mbok keslomod.”

Ngandel mbok? Rek jos mesti gawe bocah cilik penasaran. Sing bener kudune dijelasna bocah kon terang. Apa gunane rek, kepriwe carane nganggo sokane aman, apa bahayane geni sing neng rek jos menawa nyenggol kulit, utawana barang-barang sing gampang kebakar. Kaya kuwe mesti bocah manggut-manggut.

Laah kiye, nggatekna tangga sekiwa tengene nyong. Utamane ibu-ibu sing arep nyimpekna putrane. Jiaaan lucu banget koh. Arep maring pasar sedela baen ndadak nglombo jere arep suntik. “Ibu bade teng daleme pak dokter riyin sekedap. Ampun tumut nggih! Ibu bade dicus bokonge.” Laaah kuwe, sepisan wis nglomboni, kaping pindone wis ngamang-amang. Menawa dokter kuwe wong sing tukang nyuntik, nyekel jarum, medeni. Mulane aja nyalahna bocah angger kon priksan urung-urung wis ngarak-arak. Padahal urung mesti disuntik mbok angger anake rika priksan. Nanging mergane kebayang, dokter cekelane jarum suntik, medeni mbok? Mesti bakal gawe lara. Mulane bocah mrbegegelen angger krungu tembung dokter utawane perkara sing ana hubungane karo dokter. Rika tah ora kaya kuwe mbok? Mending dicritani sisan. “Ibu bade teng peken sekedap. Dede nggriyo kalih simbah. Teng pasar angel. Mangke pripun sesek mlampahe katah tiyang?” kudune dijelasna kenang apa bocah ora olih melu.

Perkara ngukum bocah sering dilakoni nyong pada menawa bocah gawe kesalahan utawa ora manut aturan. Ngukum bocah aja nganti gawe lara temenan. Bocah sering gawe mangkel? Ora tunduk karo aturane rika? Padahal wis diomongi kopang-kaping. Tela koh kaya kuwe. Kepriwe jajal carane rika aweh ukuman maring bocah? Mesti pirang-pirang pengalaman sing wis tahu dilakoni. Jajalen sih ngeneh berbagi. Nyong mung pesen. Mboka kaya ngapa bocah gawe wirang, gawe jengkel, ora nuruti aturan. Poma-dipoma aja sepisan-pisan ngukum bocah nganggo cara kekerasan. Ora dadi benere temenan. Ora gawe bocah kapok, nanging sebalike. Ngomaih kena, nanging aja nganti gawe bocah lara ngati.

Nyong duwe bukti kiye, bocah sing dong cilik gunane digentak-gentak. Sering dikamplengi neng ramane. Gara-gara ramane kalah main utawa oleng kakehen nginum. Bocah dadi sasaran kekerasan. Trauma nganti tuwa. Angger kandahan karo wong ora tahu gelem ndelengna. Jere wedi maring mripat. Ndeleng mripat kuwe kaya weruh matane raksasa. Gede, bunder, abang tur sangar. Kepriwe maning wong nyatane trauma. Sekiya lagi tek tlateni nganggo cara hipnoterapi. Alkahmdulillah kasile lumangyan apik koh. Muga-muga bisa ilang blas mengkone. Cara inyong aweh ukuman maring bocah apike sing sipate ndidik. Supayane bocah kuwe kapok. Disiplin kudu dicakna supayane bocah ngerti aturan.

Wong tuwa kuwe kudu tansah tresna lan nggatekna maring bocah. Mayuh pada aja nganti kecolongan olehe ngrumat bocah. Apa maning jaman sekiye dolanan bocah wis gampang banget gawe keblinger. Neng internet contone. Aja sungkan-sungkan rika pada ngontrol HP-ne bocah. Reka-reka merek menawa bocah cekelan HP. Reka-reka takon apa sing ana neng HP. Bocah kon njelasna, njut rika aweh pengerten sokane bocah ora keblinger. Rika pada kudu ngetokna sipat asih lan tresna. Umpamane bocah lagi sinau, jajal dipereki. Lamona ana sing kangelan, seteyenge diwaraih. Ora neng babagan apa baen. Pokoken angger bocah katon bingung, butuh pitulungan, iya age-age rika merek. Kanti tulus rika padha kudu aweh perhatian lan kasih sayang. Insya Allah bocah dadi sregep sinau. Ora wedi kangelan. Menawa ana sing urung ngerti utawa urung mudeng wani takon kanti prayoga.

Tulisan neng buku kiye minangka pepeling tumprak awake nyong dewek. Muga-muga ana mampangate tumprap rika pada. Mayuh dadiya wong tuwa sing tanggung jawab. Teyeng gawe seneng bocah kanti cara-cara sing elok. Muga-muga Gusti Allah paring ridho lan hidayah kanggone nyong pada anggone mulang wuruk bocah. Dadiya bocah sing gawe monggog atine wong tuwa, lan migunani tumprap bebrayan. Kelilan…

Karangjambu, 20/01/2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bener niki pak yuli. Rumuse aja wengah nggih pak.

20 Jan
Balas

Pepeling bu eni, mugi-mugi mampangati.

20 Jan

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Aseeem. Anak wadon endi manjuh gageyan diumbulna tulisane

20 Jan

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Nggih Rama ...

20 Jan
Balas

Jos gandhos

20 Jan
Balas

Hehe.. suwun..

20 Jan



search

New Post