Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
TUGEL GAGANGE
sigambar.com

TUGEL GAGANGE

Esuk-esuk bocah papat cenggrengan. Njagong neng teras sekolah karo nyekel dolanan sing nembe bae dituku. Nyong nggatekna polaeh bocah kelas siji mau sing lagi pada tukaran. Tek jorna disit karo ngematna apa sing lagi dadi bahan tukaran. Sriwing-sriwing krungu omongan bocahan mau babagan suwarga lan neraka. Laaaah… maen pisan kiye tah. Bocah-bocah cilik urung ngumur wis jero banget ngelmune. Nganti tekan ngrembug babagan akherat.

Bocah wadon telu lan lanang siji. Kayane sengsaya suwe ndadi tah kae tukarane. Bocah sing lanang kaya-kaya dikroyok neng bocah wadon telu. Sing maune ngadeg sendehan tembok pipir lawang mingser ngadoh. Bocah wadon sing telu ora gelem ngalah, ngoyok karo renyom. Tek rungok-rungokna kayane njaluk ganti dolanane sing pethil mergane kepidek bocah lanang mau.

“Iya mbueh koh. Apa nyong nguja midek..?”

Bocah lanang sing dikroyok mbarang mau, molaih ngetokna suara. Ora gelem ngganti dolanane kancane sing rusak mergane anu ora nguja.

“Fahri, kowe jahat angger ora gelem ngganti kembange Dila sing pethil.”

Lusi omongane madan seru karo ngecung-ngecung jrijine maring ngarep raine Fahri. Silvi ora gelem kalah, malah omongane lewih seru tur ngomaih. Dila molaih mewek-mewek mergane kembang plastik sing nembe bae dituku tugel gagange, kepidhek Fahri.

Sengsaya anget tah kiye gole tukaran. Fahri diculek mripate deneng Lusi lan Silvi. Karo ngucek-ngucek mripat Fahri mbengok.

“Tek omongna bapane mengko angger kowe pada nakal…!”

“Nganah omongna baen, kowe tambah dosa ngadu-adu koh..!”

Silvi molaih kereng. Fahri mlayu esih tetep dioyok. Mandeg neng ngisor wit ceri, esih tetep dijorog-jorogna. Lusi lan Silvi nempuhna kembang plastik sing bodol kudu diganti. Karepe Lusi lan Silvi mumpung bakule urung lunga, Fahri kon cepet-cepet ngganti nukokna sing anyar. Mbuh keprimen Fahri tetep ngotot ora gelem ngganti mergane ora sengaja midek kembang sing gigal mau.

“Kae Dila nangis..!”

Lusi nuduhaken Dila sing nangise sengsaya dadi mergane kembange bodol.

“Mbueh koh, apa nyong nguja..”

Fahri mlengos, ora gelem ndelengna raine Lusi.

“Pancen kowe jahat koh. Bocah jahat panggonane neng neraka..!.”

Silvi ngomong neraka maning. Fahri molaih nglegeg, kaya-kaya madan keder diancam tembung neraka.

Wis kopang-kaping nyong krungu tembung neraka, ngancam Fahri. Mandhi kiye rupane. Fahri kayong mbengong, dadi mikir kemutan salahe.

“Fahri… angger kowe gelem nempuhi kembange Dila kowe anak baik…”

“Iya tempuhi, kae bakule esih neng nggili..!”

“Mbok kowe kepengin surga..?”

“Anak baik toli ngemben neng surga…”

Fahri molaih mbep-mbep. Dadane sesek, mergane dipojokna terus. Mripate abang mbranang. Raine kaku kayong keweden. Terus nggembor seru pisan karo ngucap…

“Nyong toli ora duwe duwit nggo ngganti kembange Dilaaaa…!”

“Fahri payahan…”

“Dasar kowe bocah nakal. Manggone neng neraka…”

“Geseng toli awake kenang geni neraka…”

Lusi lan Silvi gentian tok gole ngomaih Fahri. Mulane njut mlayu maring kelas karo nangis mbrengengen. Esih baen bocah loro ngoyok Fahri, ngetutna mlebu kelas.

Nyong sing mbarang mau ngadeg neng ngarep lawang kelas telu rumangsa salah. Kenang apa tek jor baen. Janen iya mengen, bocah cilik-cilik pada ngomongna suwarga lan neraka. Laaah kae mbok Si Fahri keton wedi banget, krungu tembung neraka. Apa maning kancane ngancam menawa deweke mlebu neraka, awake dibakar geni sing panas banget.

Atine nyong kruncalan, kudu mbenerna pahame bocah cilik-cilik mau. Bahaya kiye anggere dijor bae. Jajalen siih, angger dijor bae bisa-bisa maraih wedi nyakot neng pikirane bocah. Angger wis gawe salah mesti pahame mlebu neraka.

Nyong mlebu kelas siji tek temoni bocah papat sing mbarang mau tukaran. Tek jagongna siji-siji. Fahri nangis ngguguk-ngguguk krasa salah lan sengsaya wedi weruh nyong mlebu.

“Niki Pak Guru, Fahri lebetna neraka mawon..”

“Gih pak, anu mpun nakal. Mpun dosa mbodolna sekare Dila..”

Lusi karo Silvi gentian laporan. Nganggepe nyong urung paham karo perkarane. Alon-alon tek antengna bocah-bocah mau. Kiye udu perkara dolanane sing bodol. Nanging sing lewih penting perkara suwarga lan neraka sing kudune urung mangsane dipahami bocah mentah-mentah kaya kuwe. Pikirane bocah sing esih cuthel wis dijejeli perkara abot. Utamana babagan neraka sing pancene gawe bocah wedi.

Njajal tek takoni. Sapa sing cerita suwarga lan neraka mlegejed apa anane. Ora nganggo bahasa lan pahame bocah-bocah cilik. Lusi lan Silvi matur jere dong TK ibu gurune ngendika kaya kuwe. Angger bocah bener bakale mlebu suwarga, bocah nakal utawa jahat panggonane neng neraka. Laaaah kuwe… tela mbok? Sembarangan banget guru TK-ne. Ngaweh konsep suwarga lan neraka maring bocah cilik kudu sing bener. Supayane ora ndadekna perkara sing ora apik tumprak pikirane bocah. Kiye tah nyong kudu ketemu karo gurune dong TK. Mbok kedlarung-dlarung anggone aweh konsep sing urung pas karo umure bocah. Bisa bahaya tundane mengko. Bocah cilik sing wis gawe salah, mengkered semangate mergane mesti mlebu neraka. Nyong pesen karo rika pada iya. Ngati-ati temenan, aweh paham maring bocah cilik babagan agama aja mentah-mentah. Mbok malah dadi racun neng pikirane bocah.

Tek critakna babagan suwarga lan neraka maring bocah papat sing mbarang mau tukaran. Nganggo bahasane bocah. Manut pahame bocah cilik sing kudu ngati-ati temenan.

“Niki, pirengna Pak Guru cerita gih…!”

Bocah papat meneng, anteng. Nunggu apa sing arep tek omongna. Fahri karo Dila sing kawit mau nangis tek elus-elus siraeh. Kon meneng, ngrungokna nyong cerita.

“Fahri, ampun ajrih kados niku gih ! Pirengaken cerita surga lan neraka niki ! Pak Guru taken maring Fahri. Jawab gih, ampun ajrih!”

“Gih pak..”

“Menawai Fahri teng griyo pun dolanan teng kebon. Samparane kotor. Astone kotor. Fahri pun kesel sanget bade bobo siang teng kamar. Mama Fahri mriksani teng lawang dong Fahri bade mlebet. Kinten-kinten angsal mboten Fahri mlebet nggriyo, bobo teng kamar?”

“Wingi kados niku pak. Fahri boten pareng mlebet griyo.”

Fahri njelasna pengalamane sing nembe baen wingi dilakoni. Nyong nyela takon.

“Kenging napa Fahri boten pareng mlebet nggriyo?”

“Anu samparane kotor, kenging belet.”

“Terus Fahri pripun?”

“Ken wijik ngantos bersih.”

“Pun wijik Fahri pareng mlebet nggriyo nopo mboten?”

Hehe… Fahri anthuk, karo mesem-mesem. Nyong molaih bombong, mergane kahanan wis madan lumer ora tegang maning jalaran cerita neraka. Njut tek perekna karo pahame bocah. Neraka kuwe sipate mung sementara kanggo mbresihi kotoran utawane dosa. Kabeh menungsa duwe hak ngrasakna suwarga menawa dosane wis bersih. Neraka kuwe panggonan kanggo wisuh awak sing kotor. Mbresihi awak kotor kuwe ora gampang, kudu tlaten lan butuh wektu. Apa maning sing kotorane akeh lan lengket, nyakot neng awak. Butuh wektu suwe lan rekasa.

Bocah papat manggut-manggut tandane sadar lan ngerti. Fahri kon njaluk ngapura maring Dila. Silvi lan Lusi nyalami Fahri.

“Tapi sekare Dila bodol pak…”

Dila esih urung ntrima baen, kembange tugel tetep njaluk ganti. Tek jelasna maning, menawa Fahri ora sengaja mbodolna. Ora sengaja ngidek. Njajal tek jaluk kembange, nyatane esih bisa dipasang maning koh. Ora tugel, nanging copot gagange. Dasar bocah cilik.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Siiip...pljran dan pngalaman berharga...mtursuwun Pak Yuli

27 Jan
Balas

Bagus pak. Lanjuuut...... Eh. Terjemahnya pak?

27 Jan
Balas

Pak Yuli pancen joss

27 Jan
Balas



search

New Post