Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
UNTULUWUK KEMBANG JERUK
indonesiabertanam.com

UNTULUWUK KEMBANG JERUK

Untuluwuk kembang jeruk

jembual jepruuuut…

Rika kemutan tembangan bocah gemiyen? Jajal diemut-emut. Mayuh nembang bareng karo nyong! Untuluwuk kembang jeruk, jembual jepruuuut… Hehe… esih apal nyatane rika. Apa malahan gemiyen dong cilik gunane diwadani kaya kuwe? Hahaaaa…. Angger gemuyu tandane nyong ora salah ngomong kiye.

Bocah sekiye tah langka-langka sing pada dolanan tembangan kaya kuwe. Mergane alame wis beda adoh. Maninge tembangan kaya kuwe mung nggo ledek-ledekan. Menawa ketemu batir sing ujug-ujug njaprut. Mbuh ngkanane ora ngerti sebabe. Nanging tujuane bener banget koh. Nggo ngemutna kanca. Janen sokane sing diledek kuwe cepet-cepet sadar lan ngubah sikape neng ngarep kanca aja seneng njaprut. Sing ndelengna raine mbok melu suntuk? Kegawa kecut.

Nyong koh dadi mikir dawa kiye babagan tembangan, utawane tembung-tembung sanepa sing gemiyen sering keprungu. Jebulane ngemu mangsud jero. Seliyane kanggo parikan, tujuan sing urung dingerteni ngemu mangsud pembelajaran (pasinaonan) ngenani alam sekiwa tengene. Utamane jenenge kembang. Selawase nyong sekolah, diwulang jenenge kembang-kembangan iya wektu neng SD tok. Bubar SD wis babar blas ora diwulangna maning.

Bocah gemiyen dituduhi carane ngapalna sokane nyanthel neng utek iya kaya kuwe. Nganggo model parikan, sanepahan lan tembangan. Lah, kaya mau kae. Untuluwuk kembang jeruk. Mbok tekan kapan baen ora bakalan kelalen sih.

Ana maning umpamane kembang duren. Nganggo unen-unene kaya kiye “Bocah koh kaya kembang duren.” Omongan kaya kiye biasane metu menawa ana wong ngajari, utawane lagi kesuh sing dikarepna ora dingerteni. Maraih utawa prentah maring bocah, nanging bocaeh ora mudeng-mudeng. Terus apa sing dikarepna neng tembung mau? Angger bocah sekiye kangelan ngerteni tegese. Googling baen lah sokane ora kesuwen. Kembang duren kuwe dlongop. Tembung mau duwe karepe mengganua aja dadi bocah sing zonk, ora mudengan, ngah-ngoh, dlongap-dlongop kaya kuwe laaah…

Sing kiye madan beda luuur… Biasane angger diomongna maring bocah gawe GR disit. Utamane angger bocah ayu, utawane ngaku ayu tur kemayu. “Bocah koh raine kaya kembang kacang nemen ya.” Krungu tembung kembang bayangane wong sing ngomong kaya lagi ngalem. Kembang toli apik. Apa maning angger mbayangna kembang kacang, kuning, lemes tur rame menawa disawang. Nanging angger wis ngerti kembang kacang kuwe jebule besengut tambah ndadi mbesengute. Raine ditekuk kaya-kaya wong sing ndelengna arep dicaplok mentah-mentah. Pesen ya, maring rika pada. Aja seneng mbesengut mbokan raine keriput, eman-eman urung mangsane tuwa.

Laaah, apa hubungane cerita ngalor ngidul mbarang mau karo isine buku kiye. Nyong moh dipaido kanca-kanca koh. Gawe cerita ora nyambung karo tema sing ngrembug babagan nggulawentah bocah. Mestine karepe rika pada kaya kuwe mbok? Kabeh sing ana neng buku antologi guru ngapak kiye kudune ana hubungane karo tema.

Aja kewatir laaah… Sing penting piweling sekang tulisan kiye. Mayuh pada nggolet cara kaya dene wong tuwa gemiyen sing jebule pinter-pinter. Nyinaoni bocah nganggo parikan, sanepahan utawane tembangan. Ora mung mathok mligi arane kembang, nanging kena diconto metodene. Tekan kapan baen ilmu ngapalna tetep kudu cemakot mbok. Aja gelem dipengaruhi karo teori asing, ngomongna ora penting ngapalna, kuwe teori keblinger. Unting-untingane gawe wong pada amnesia utawane linglung mbok? Mergane jere ora penting ngapalna. Nyong tah ora mandeg mulang bocah neng kelas tetep baen tek prentah ngapalna. Umpanae ngapalna peristiwa sejarah, tek gawe nganggo Kalender Gajah. Penasaran mbok rika kuwe?

Janen iya anu biasa. Kalender Gajah Jepang, kuwe bocah kon nggambar gajah terus neng bagian-bagian awake ditulisi tanggal peristiwa lan tokoh-tokohe dong penjajahan Jepang neng Indonesia. Gajah Landa, iya kaya kuwe carane. Wis tek praktekna bolak-balik, nyatane bocah apal kecepal koh. Kabeh mau gumantung karo kepriwe reka dayane nyong pada.

Ngapalna Sumpah Pemuda, Piagam Jakarta, Dasa Sila Bandung lan liya-liyane tek gawe tembangan. Bocah seneng tur iya dadi apal. Laaah, akeh pokoken. Sing penting mayuh pada ngupakara bocah kelawan cara-cara sing gampang tur ora nyiksa bocah. Guru kuwe mesti pinter, apal tek kliwere mulak muruk bocah neng sekolah apa dene neng umah. Muga-muga kreativitase aja pada mandeg, ngelmune mampangati. Dadia bocah sing pada cerdas nanging tetep ngormati guru utawane wong tuwa mergane ora kelalen karo ngelmune sing wis diparingna. Ketemu karo guru utawane wong tuwa ora kaya untuluwuk, njamprut. Nanging sumeh lan grapyak. Gawe bungah lan semanak.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Iya kuwe, tembangane inyong padha dhong esih cilik. Nembang kaya kuwe bae rasane jan bungah pisan.

27 Jan
Balas

sekiye wis ora tau keprungu koh. Mulane kepengin reuni dolanan kanca gemiyen.

27 Jan

Maen Pak...asli.Mnwi sumerep lare sakniki jian krasangiwak..

27 Jan
Balas

Gih koh, korban teknologi

27 Jan



search

New Post