Opak Pohung
*Opak Pohung*
Tantangan hari ke-50
#TantanganGurusiana
Dina Minggu udane teka awit mau. Bingung arep nulis apa njur kelingan infone Pak Admin. Setu karo Minggu olih nulis nganggo basa daerah. Ya wis lah inyong tek njajal nulis nganggo basa Banyumasan sing kondhange jere basa ngapak.
Senajan wis suwe ninggalna desa kelairane tapi inyong tetep seneng ngomong lan nulis nganggo basa ngapak. Malah kalan-kalan cok guyonan nang WA karo kancane sing padha dene ngapak. Seneng, lucu tapi ora nganggo saru.
Ngomong-ngomong bab ngapak, kiye jebul anu inyong arep crita opak. Opak utawa gropak kuwe gremisan sing digawe sekang ketela utawa pohung. Rasane gurih karo renyah. Wujude werna-werna. Ana sing bunder, ana sing lonjong, lan ana sing segi empat. Opak digawe tipis-tipis ngaren gampang garinge angger di pepe. Mulane nggone nggoreng cukup cemplung los bae. Maksude ole nggoreng sedhela baen. Aja suwe-suwe mbokan geseng.
Opak wis mateng njur diwadhahi setoples. Tapi mbarang arep dipangan ya njukut diwadhahi piring. Udane nggiyes ora mandheg-mandheg. Anyes rasane. Timbang ora lunga-lunga, ya mangan opak bae si enak. Apa maning nang sandhinge ana bojo.
Kriyak-kriyuk jebule ana gunane inyong mau esuk nggone tuku opak. Inyong tuku opak nang pasar sing murah regane. Rolas ewu olih sekresek mbuh pira isine ora tek etung. Sing penting inyong teyeng ngladheni gremisan kanggo bojo sing ora tau ngrokok. Dadi opak kuwe idhep-idhep kena nggo ganti rokok.
Seliyane murah tur renyah, opak kuwe ora nganggo bahan pengawet. Wong bahane mung pohung diparud njur dibumboni bawang, ketumbar, uyah thok koh. Angger sing lewih enak maning ya anu ditambahi cai. Opak uga ora maregi kaya sega. Dadi angger dithuki wedang teh legi utawa kopi ya mathuk.
Sing penting inyong muji moga-moga bae opak pohung ora ngandut virus corona sing agi dadi werta nang kana-kene. Jian mrekitik temenan koh karo si corona sing wis nyebar tekan ngendi-ngendi. Mulane timbang tuku masker koh langka, ya kuwe mau njur tukune opak pohung.
Wis lah inyong nggone nulis nganggo basa ngapak cukup semene dhisit. Mbokan marai ngguyu kepingkel-pingkel melasi li ya. Wis ora dibagei opake malah mung dijek ndobos thok. Dene ana sing kepengin brayan rasan opak ya ngeneh maring nggonku.
Udane pancen esih riwis-riwis. Opake ya esih tapi nggo mengko maning la kena nggo sangu nulis ngaren setorane lancar. Inyong anu ora kepengin terjun bebas koh gara-gara bolong nulis sedina.
Kendal, **(censored)**
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
