Segere Dina Iki
Minggu, 29 Agustus 2021
TAGUR-215 (365)
Edisi Muatan Lokal Bahasa Daerah ( Bahasa Jawa )
***
Segere Dina Iki
Dening : Sutarti
Wilujeng ndalu sedherek sedaya? Sehat nggih? Alhamdulillah.
Dina Minggu iki mau ana crita sing nyenengke banget. Awit esuk uwis seger kemringet. Awak iki tambah sehat merga melu senam bareng emak-emak sing ayu lan lincah.
Kapisan, senam bareng ning lapangan RW 07 Jengglong Barat. Pelatihe dina iki mau jenenge Naning. Wonge lincah, gerakanne marakke gobyos ning awak. Kringet metu akeh banget marakke awak dadi seger.
Mangkat jam 06.00 WIB mulih jam 07.00 WIB. Kaos e dina iki warnane ijo, katon seger lan tambah ayu-ayu.

Ping pindhone, sakwise senam ning lingkungan RW leren dhisik sakuntara. Jam 08.30 WIB mulai meneh senam ning RT 06 Jengglong Barat.
Pelatihe jenenge Retno, gak kalah lincahe dibandingke Naning. Wis awakke cilik dhuwur, pokoke nyenengke banget.
Benter banget merga wis nyedhaki awan. Pesertane yo podo wae, emak-emak meneh. Tambah seger ning awak. Pokok e seneng thok dina iki. Isa kumpul warga yo nek pas Minggu lan dina prei liyane.

Ping telune, sorene yo ana senam maneh. Manggone ning wilayah e dhewe yaiku RT 03 Jengglong Barat. Pelatihe jenenge Nikmah. Wonge yo podo wae lincah banget.
Kok senam ping akeh opo ora kesel?
Nek kesel mesti iyo, tapi ketutupan seneng lan pengen sehat. Kumpul kanca iso ngguyu iku wis dadi tamba ati yen lagi sedih.
Kaos e sore iki mau nganggo ireng. Jare kanca-kanca nek nganggo kaos ireng marakke awakke cilik. Ngapusi ya? Aku gak percaya, hehe.
Nek ra percoyo iki hasil e. Ketok cilik gak?

Minggu iki mau pancen nyenengke banget yo?
Ndelalah ana kabar pas mbukak telegram e MediaGuru. Nok kono ana bocoran pengumuman tema lomba nulis September.
Kok pas men yo?
"Tubuh Bugar, Ide Segar, Literasi Lancar", iku temane.
Sedulur kabeh, ketone kok wis ana bayangan lomba sasi ngarep. Iyo opo ora?
Semangat kabeh ya?
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
