Mingguku, Seger Banget
Minggu, 5 September 2021
TAGUR-222 (365)
Muatan Lokal Daerah (Bahasa Jawa)
***
Mingguku, Seger Banget
Dening : Sutarti
Piye kabare sedulur-sedulur kabeh? Mugo-mugo sehat kewarasan nggih?
Dina Minggu Iki mau ana cerita lan gawe seneng atiku.
Pengen ngerti opo ora?
Mrene-mrene tak critani, siap-siap yo?
Pendhak dina Minggu ning Jengglong Barat ana senam bareng-bareng. Tujuane supaya awakke iku seger lan sehat.
Senam kaping pisan ana ning lingkungan RW. Ibu-ibu ngagem kaos warna e pink. Katon ayu-ayu lan seger-seger.

Ndelalah, dina Iki mau ngepasi ulang tahunne Bupati Grobogan. Tambah seru kan? Akhir e pasang twibbonize, mugi-mugi sehat lan sehat. Dongane paling penting iku.


Senam dina Iki mau nyenengke banget. Kaos e pink jebule marakke ibu-ibu tambah ayu kan ketok nom, hehe

Sorene senam meneh. Dadine ping pindho, ning lingkungan Ngabean cedhak e Rumah Sakit Umum Purwodadi Grobogan. Pelatihe jenenge Denok dikancani Ujang Kelana. Tambah seru banget. Kaos e biru ireng, ana hadiah e sisan. Aku entuk sabun mau, lumayan daripada ora entuk.


Seru banget kan sedulur-sedulur?
Senam marakke sehat awak lan pikirane. Nulis Isa lancar nambah imun pokok e.
Ngono wae dhisik ya sedulur kabeh?
Salam literasi saking Grobogan.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
